Sebagai warga masyarakat khususnya orang jawa seperti saya ini terkadang harus memberi sambutan tuan rumah yang berbahasa jawa dalam suatu acara misalnya yasinan ibu - ibu tiap seminggu sekali atau sebulan sekali dan Pertemuan bulanan Ibu - ibu PKK .
Untuk itu dari pengalaman saya ini saya akan menuliskan sambutan shohibul bait ( tuan rumah ) yang berbahasa jawa sebagai berikut :
Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Alhamdulillahirobbil ‘alamin, Wabihinastain, wa ala umurriddunya waddin,Wassholatu Wassalamu ala anbiya’i wal mursalin, wa ala alihi washohbihi aj main.
La haula wala kuata Illa billahil Aliyyil adhim, Amma ba’du
Sepindah,
monggo kito sami sareng-sareng nglaeraken syukur ing Ngarso Dalem Allah SWT, bileh kito sedoyo tansah pinaringan kanugrahan arupi Nikmat Islam soho Iman, ugi kito tansah pinaringan nikmat Jasmani, arupi sehat wal afiat, sehinggo dinten puniko kito sami saget nderek hormat Maulidurrosul, kaleresan dinten puniko wonten dalemipun Kawulo/ Sederek…… kanti mboten wonten alangan setunggal punopo.Amin. Biqoulina AlhamdulillahiRobbil Alamin.Kaping kalehipun,
sholawat salam ugi tansah kito nglaeraken ing Ngarso Junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, Nabi ingkang kito derekaken sedoyo tindak lampahipun, Nabi ingkang angrubah zaman jahiliyah ngantos jaman Islamiyah. Mugi-mugi kanti sholawat ingkang kito waos, mbenjeng ing Yaumil akhir kito lan keluargo kito pinaringan Syafa’atul Udma’,amin Allahuma amin, biqoulina Allahuma Sholi ala Syaiyidina Muhammad Wa ala ali syayidina Muhammad.Kepareng matur, ing mriki kulo selaku shohibul Bait (Wakil Shohibul Bait), ngaturaken :
Sepindah,
Maturnuwun sanget dumateng sederek sedoyo, ingkang kerso rawuh wonten dalem kulo, kanti nderek hormat maulidurrosul. Mugi-mugi kanti waosan Al Qur’an, Al Berjanji, Sholawat Nabi, ugi Waosan Tahlil kolo wau saget mbarokahi dumateng keluargo kulo(shohibul bait). Lumeber dumateng panjenengan sedoyo. Amin Allahuma….aminKaping Kalihipun.
Ing mriki kulo ngaturaken pengapunten ingkang katah, mbok bileh anggen kulo(shohibul Bait) maringi papan pinarakan soho pasogatan wonten kekiranganipun, wonten kekhilafanipun kulo ngaturaken pangapunten ingkang katah.Akheripun,
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.
Mudah mudahan contoh SAMBUTAN SHOHIBUL BAIT diatas dapat membantu rekan - rekan semua yang membutuhkannya .
Kalau ada kekurangannya saya mohon bantuan serta sarannya .
Terima kasih